Artikel basa jawa | Pangerten, Tujuan, Struktur, lan
Jenis
Pangerten Artikel
Artikel yaiku karangan nyata kanthi dowo tertentu disebarake lewat
koran, majalah, lan media massa liane.
Tujuane wong kang nggawe artikel yaiku kanggo ngekek i tambahan ilmu
pengetahuan ngeyakinake wong kang moco, lan gawe hiburan.
Artikel bisa diartekake tulisan kang isine panemu, ide utawa fakta kang
tarkadang nglelipur, ndhidik utawa nyaruwe sawijine babagan kang pinuju sinebar
liwat medhia massa sacara online utawa offline.
Struktur Artikel
Artikel iku nduweni 4 struktur yaiku :
- Irah
irahan : Irah irahan sajrone bahasa indonesia iku judul ,Irah
irahan iku gawe ngewakilake isi ing sajrone artikel.
- Pambuka
: Pambuka iku tugase gawe mbuka isi artikel. Yen pambuka ora
menarik , wong kang maca males nerusake macane ing artikel iku mau.
- Isi
: Isi tugase njlentrehno opo kang kape dijelasno. Inti saka
artikel iku mau.
- Panutup
: Panutup iku tugase kanggo nutup artikel.
Jinis Jinise Artikel lan Tuladhane
- Artikel
Eksploratif : Artikel kang tulisane ndungkapane fakta fakta
miturut pamawase si penulis. Jenis artikel iki cocog kanggo maparake temon
temon anyar. Tuladhane : Makalah paniliten, Nemokake fosil tinggalan jaman
purba, lan sapiturute.
- Artikel
Eksplanatif : Artikel iki tegese maparaken keterangan sawijine
perkoro tuladhane : tawuran antar pelajar.
- Artikel
Predhikatif : Artikel iki isine pitungan utawa ramalan miturut
penulis tuladhane : ramalan cuaca.
- Artikel
Preskriptif : Artikel sing ngekek i tuntunan agar pembaca mboten
keliru. Tuladhane : cara nggae kripik.
- Artikel
Argumentasi : Artikel kanggo mbuktiake kebenaran (pendapat e
wong), tuladhane : mene sare miturut Sandy udan deres.
- Artikel
Eksposisi : Artikel iki tegese njlentrehake sawijining topik
kanggo tambahan ilmu. Tuladhane : Kenduren.
Komentar
Posting Komentar